Image of a product
Image of a product
Image of a product
 

Berdikari - Manuk Manuk Mabur - Interlude

Rp 65,000
Rp 58,500
Manuk Manuk Mabur. Wiwit nalika isih sekolah SMP, tulisane awujud guritan wis kepacak ing majalah Panjebar Semangat (PS). Crita cekake kang sepisanan uga kepacak ing PS, taun 1971. Karya-karyane saliyane akeh kang kepacak ing PS uga ing majalah Jaya Baya (JB). Kejaba nulis sastra realis kaya umume pengarang, uga nulis sastra simbolis Ian surealis sing kebak renungan jero ngenani urip Ian panguripan. Ing sastra Jawa iki, minangka pengarang, dheweke nemokake jagade sing dirungkepi sarana totalitas ing sajrone ngarang. Saka kreatife sing ora baen baen, sajrone ngengarang, ora rumangsa (mung) ngarang sastra dhaerah nanging ngarang sastra dhunia sing jero, mentes, kebak makna Ian bisa nimbulake multitapsir tumrap pemaose. Ya ing kene iki kebahagyane jroning nglakoni uripe, kaya rumangsa wis dikodratake dadi pengarang sastra Jawa kanthi idhe-idhe crita kang unik, nyleneh, kang uga mujudake idhe-idhe kang liar, ngagetake pemaose. Buku kumpulan crita cekake Kreteg Emas Jurang Gupit antuk hadhiah sastra Rancage taun 2002. Bukune kumpulan cerkak kang kapindho, Gara-gara Kagiri-giri terbittaun 2012. Judul Buku: Manuk Manuk Mabur Penulis: Djajus Pete Penerbit: Interlude, 2020 ISBN: 9786237676614 Kategori: Cerita Cekak, Cerpen Bahasa: Jawa Dimensi: 13 x 19 cm | Soft Cover Tebal: viii + 144 hlm l Bookpaper Harga: 65.000
 
 :
 :
300g