Mbah Lurah Novel Jawa Bambang Nugroho. Pinangka Lurah Desa pancen kudu bisa ngrasakake apa kang dirasakake dening kawulane, menawa lagi susah uga kudu bisa melu susah. Suwalike yen warga antuk kasenengan ya kudu bisa melu seneng. Nadyan kahanan kaya mangkono ora mesthi padha karo kahanan batine dhewe, nanging kudu tansah bisa gawe ayem tentrem, lan greget sangarepe para kawula klebu para prabot kang panguripane ya ora patiya adoh bedane klawan wargane.
Upama nganti dadi pemimpin kok katon ringkih, gampang nglokro, wedi ngadhepi kahanan utawa jireh, miyar miyur ora tegas panemune, mesthi kawula bakal krasa diombang-ambingke uripe. Lha pemimpin kang kaya ngene iki bisa mbebayani tumrap uripe warga utawa laladan kang dipimpin.
Judul Buku: Mbah Lurah Novel Jawa
Penulis: Bambang Nugroho
Penerbit: Interlude, 2021
Kategori: Novel Jawa
ISBN: 9786237676782
SKU: BRD6629
Bahasa: Bahasa Jawa
Dimensi: 14 x 21 cm l Softcover
Tebal: viii + 274 hlm l Bookpaper
Harga: 80.000