"Lumantar buku Pingget, Naufal Bahauddin Wafi wis asung bukti nyata tumrap mekar-ngrembakane sastra Jawa modhern. Pengarang mudha saka Sragen iki sajake uga kepengin nuduhake yen cerkak romansa minangka salah sijine genre bisa mandhireng pribadhi ing sisihe karya sastra Jawa modhern liyane. Wondene kepriye mungguh cakrik, isi lan theg-kliwere cerkak romansa iki nyumanggakake para maos. Sing ora kalah wigati, muga-muga ing wektu sabanjure Naufal sansaya nggentur anggone ngasah kreativitas satemah bisa nglairake karya sastra Jawa modhern liyane." - Irul S. Budianto, Pengarang Sastra Jawa
"Lumantar antologi cerkak Pingget iki Wafi nyoba ngajak para maos mirsani perkara asmara para mudha ing jaman saiki kang ora kena kaanggep prasaja. Majune teknologi duwe perbawa kanggo ndadekake perkara asmara generasi jaman saiki beda karo jaman sadurunge. Basa kang prasaja kang gampang dingerteni ndadekake para maos melu ngrasakake lakone para paraga ing cerkak anggitane Wafi. Ing perangan liya, kababare antologi cerkak romansa iki mujudake kabar nyenengake tumrap kasusastran Jawa merga nyatane isih ana generasi mudha kang suthik melu nyengkuyung lestarine sastra Jawa." - Zuly Kristanto, Penulis lan Pandhemen Sastra Jawa
Penulis: Naufal Bahauddin Wafi
Penerbit: Interlude, 2025
Kategori: Sastra
ISBN: 9786238275823
SKU: BRD24232
Bahasa: Jawa
Dimensi: 13 x 19 cm l Softcover
Tebal: x + 108 hlm | Bookpaper
Harga: 63.000