Nguripake Dongeng Kumpulan Crita Cekak - Interlude
Crita-crita iki kabeh banjur kaimpun lan kababar dadi buku kanthi tetimbangan "kepentingan dokumentasi", kanggo idhep-idhep melu urun nawakake wacan kanggo sok sapaa wae, ora ngemungake para mudha-tumaruna, kang darbe rasa tresna marang basa lan sastra Jawa gagrag anyar.
Uga, muga-muga buku iki mengko bisa sumrambah marang para sutresna ing ngendi wae, kalebu kang sasuwene iki isih, durung, utawa ora srawung karo majalah basa Jawa.
Mulane, crita-crita iki banjur dibabar dadi buku uga kanthi pangarep-arep bisaa sangsaya ngawetake, utawa ndawakake umure. Mula, irah-irahan "Nguripake Dongeng" saka salah sijine crita kang kaimpun dipilih kanggo irah-irahane buku iki.
Penulis: Bonari Nabonenar
Penerbit: Interlude, 2025
Kategori: Sastra
ISBN: 9786238275489
SKU: BRD24233
Bahasa: Jawa
Dimensi: 13 x 19 cm l Softcover
Tebal: viii + 120 hlm | Bookpaper
Harga: 63.000

